Sabtu, 12 Oktober 2013

Pramugari Ngapakisme


 Ahahaha ---> ngguyu sik lah :D
Dapet humor ini dari tetangga FB.
Sayang kalo tak di abadikan.
Sebagai orang yang besar di wilayah NGAPAK,, cukup bangga juga bisa ngomong ngapak. #orangapakorakepenak.
So,, monggo di pun waos mbak, mas,,
Tapi nyong ora duwe tissue kanggo ngelap iler nek misale nganti ngecess, saking kepingkel-pingkel’e. Ahaha..
^^V

*****
 Baru saja di launching pesawat baru "PURBALINGGA AIR LINES"
Sangat nasionalis fanatik kedaerahan.

Saat Pramugari , memberikan instruksi ke penumpang pesawat, beginilah jadinya :

"Sedulur-sedulur penumpang, dela mening motor mabur arep mabur...
Sedurunge, nyong karo pramugari liyane arep nidokna cara-cara ngadepi keadaan darurat...

Klambi plembungan ana nang slesepan ngisor korsi, dinggo nek motor mabur mandeg nang nduwur laut or buritan...
Carane jukut klambi sekang slesepan terus dinggo, tarik taline men klambine mlembung..dadi rika kabeh ora pada klelep nang laut.. Nek tarikane bodol, didamu sekuat2te sing cepet ben ora ketilem,

Pipa karet didamu aja dikempit ben lampune kedap kedip dadi bisa dideleng sekang kadohan...

Klambi kuwe aja dicolong atawa digawa balik, nek konangan, rika bisa ditempilingi ...

Montor mabur kiye ana enem lawange, loro nang ngarep, loro nang cewiwi, terus loro maning nang mburi...

Angger pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu dewek masker oksigen sekang loteng..

Nek masker mecotot, gagian dinggo, ambekan kaya biasane bae, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi lan liane ora keduman, bocah cilik kerian bae..

Semono bae pengumumane seka nyong, anger arep maca majalah apa koran, kuwe ana nang slesepan kursi ngarepe rika kabeh...

Nek arep muntah, nganggo plastik nang ngisor jok,, aja janji muntah koprat kapret jijiih,, inyong sing repot nggole ngresiki,ngerti..

Nek arep nguyuh, kakuse nang mburi. Aja nguyuh karo udud nek konangan tak dupaki sisan..

Aja nguyuh nang kakus ngarep, kae kakuse wong sugih...

Wis lah, cangkeme kesel, moga-moga slamet waras bisa mudun maning.
Kaya kuwe baen ya?. suwun...".

Ana maning sing hp an aja nang motor mabur, mengko supire ngamuk, pada error tombole.

Oh iya, ngapura ya sing nggawa dage nek ora mendoan tulung njaluk lah aku kencot pisan awit mau esuk urung sarap."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar